Apa Bener Wong Jawa Urik?

DAYA nalar Jawa pancen akeh sing nyurung tekan jagad urik. Seneng adu-adu. Mula ana tembung adu manising rembug kaya kapuk, empuk, ning kopong mlompong. Pong-pong bolong ndhog merang ndhog sapi, pecah-pecah endhogmu siji. Ateges sing dioyak siji thil, bathine dhewe, Najan wong liya gundhul, dha ‘’PCDS’’ pecas endhahe (nuwun sewu), awake dhewe gela-gelo, seneng atine.
Wis-wis, wong Jawa yen wis namakake jiwa urik tansaya nggladrah. Kadhangkala tekan mbahne urik, yaiku dhemen ngglibeng. Ora perlu kaget, kadhangkala katone njaba manthuk-manthuk, mesem-mesem, ning njerone ngandhut melik. Isih mendhing yen mung melik, pamrih, sing mbebayani ana niat nendhang, nempang, njegal, lan ngebrukake. Yen wis wong liya jekangkangan, keplengkang-plengkang, sajake lega ndonya. Yen wis ngen iki lhadalah!
Wong seneng urik iku dhasar, gawan bayi. Ning uga ana sing kedayan seka wong kiwa tengene. Wong sing cedhak karo Sengkuni, iki sok klemak-klemek, ning mengkal-mengkal sikile. Sengkuni-isme

Komentar (0)
Tuliskan Komentar Anda